Pawitane wong urip puniki
pan sadasa lamun datan bisa
nistha kuciwa dadine
dhingin karem ing ngelmu
kaping kalih bisa angaji
kaping tiga bisa maca
kaping sekawanipun
kudu ahlul anenurat
kaping lima wighnya anithih turanggi
kaping nenem bisa mbeksa
kaping pitu kudu weruh ing gendhing
kaping wolu apan kudu bisa
tembung kawi tembang gedhe
kaping sanga bisa iku
ulah yuda gelaring jurit
limpad pasanging graita
kaping sedasanipun
wong urip wekasan lena
den prayitna ing pati-pati patitis
patitis ing kamuksan
-Serat Sastra Gendhing Sultan Agung-
Langganan:
Posting Komentar (Atom)



Tidak ada komentar:
Posting Komentar