Selasa, 13 September 2011
Minggu, 11 September 2011
Jumat, 09 September 2011
Lingsir
sun nggegurit
yen wis lingsir wengi
lan sepi-sepi nelusup ing seta-seta wing ati
njur opo maneh sing kudu kok wiyati
coba leremen pikirmu kanthi meneng ing ati
etungen driji siji-siji kawi mbok siji-siji
wis pira dharmaning urip sing kok rakit
wis pira karti sampeko sing kok rumpaka
solgine umpyek golek sandhang boho
apa isih kaber bekti marang wong tuwo
apa isih ajek sumungken ngersane kang maha wicaksana
-pustaka candra 1981-
-Pustaka Candra 1981-
yen wis lingsir wengi
lan sepi-sepi nelusup ing seta-seta wing ati
njur opo maneh sing kudu kok wiyati
coba leremen pikirmu kanthi meneng ing ati
etungen driji siji-siji kawi mbok siji-siji
wis pira dharmaning urip sing kok rakit
wis pira karti sampeko sing kok rumpaka
solgine umpyek golek sandhang boho
apa isih kaber bekti marang wong tuwo
apa isih ajek sumungken ngersane kang maha wicaksana
-pustaka candra 1981-
-Pustaka Candra 1981-
Rabu, 07 September 2011
Pawitane Wong Urip
Pawitane wong urip puniki
pan sadasa lamun datan bisa
nistha kuciwa dadine
dhingin karem ing ngelmu
kaping kalih bisa angaji
kaping tiga bisa maca
kaping sekawanipun
kudu ahlul anenurat
kaping lima wighnya anithih turanggi
kaping nenem bisa mbeksa
kaping pitu kudu weruh ing gendhing
kaping wolu apan kudu bisa
tembung kawi tembang gedhe
kaping sanga bisa iku
ulah yuda gelaring jurit
limpad pasanging graita
kaping sedasanipun
wong urip wekasan lena
den prayitna ing pati-pati patitis
patitis ing kamuksan
-Serat Sastra Gendhing Sultan Agung-
pan sadasa lamun datan bisa
nistha kuciwa dadine
dhingin karem ing ngelmu
kaping kalih bisa angaji
kaping tiga bisa maca
kaping sekawanipun
kudu ahlul anenurat
kaping lima wighnya anithih turanggi
kaping nenem bisa mbeksa
kaping pitu kudu weruh ing gendhing
kaping wolu apan kudu bisa
tembung kawi tembang gedhe
kaping sanga bisa iku
ulah yuda gelaring jurit
limpad pasanging graita
kaping sedasanipun
wong urip wekasan lena
den prayitna ing pati-pati patitis
patitis ing kamuksan
-Serat Sastra Gendhing Sultan Agung-
Langganan:
Postingan (Atom)


